Salah
kursi
Kadadean iki, diwiwiti nalika
panulis nembe kelas 2 ing salah sijining SMA
Negeri ana ing Sleman. Wektu kuwi, panulis ora bisa menyang sekolah kaya
dina-dina biasane amarga nembe sakit. Awak rasane ngilu kaya wong kang nembe
wae digebugi, sirah mumet kliyengan, lan panulis ngrasa pengin muntah ananging
ora isa.
Esuk kuwi, panulis langsung digawa menyang
Puskesmas ing daerah Minggir. Puskesmas iku nembe wae rampung dibangun,
puskesmas sing ndisekke cilik saiki wus malih gedhe lan langkung apik, fasilitas puskesmas ugi saya pepak.
Sinambi nahan muntah lan sirah sing kliyengan, panulis nunggu antrian. Sanajan
isih esuk, nanging wus okeh pasien kang uga ngantri. Werna-werna ugi
jinis penyakite.
Wus
sawetara wektu, jenenge panulis dijeluk. Panulis mlebu ing ruangan kang kanggo
mreksa, ana wong 2 perawat kang nunggu karo mesem. Stetoskop wus cumepak ing meja, lajeng perawat 2 wau nensi lan
nakoni apa wae gejala sakite panulis. Pungkasane, panulis dikon mlebu ing salah
siji bilik kang mung dipisah nganggo
korden gedhe. Panulis mlebu ing bilik sisih lor dhewe, ing njero ana Pak dokter
kang nembe ngumbah tangan ing wastafel.
Pak Dokter wau weruh panulis saka kaca, banjur mesem grapyak. Panulis mbales
mesem, ana ing ruangan kuwi kursi dokter lan pasien padha dadi panulis waton
lungguh ana ing sisih wetan. Pak dokter wau nyeraki panulis karo ngguyu. “Mbak,
menika kursi kula, kursi pasien ana ing sisih kulon.” Woalah ngger, wektu kuwi
panulis isin tenan, jebul sing dilingguhi panulis ki kursi doktere, karo ngguyu
isin panulis pindhah ing kursi sisih kulon sinambi matur pangapunten.
Pangalaman salah kursi iki ora bakal panulis lalekke, sanajan isin nanging yen
kelingan panulis dadi ngguyu dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar