Halaman

Senin, 16 Desember 2013

CERKAK



Ajining Awak seka Tumindak

            Nuju sawijining dina, ana bocah loro aran Dhimas lan Tejo. Bocah loro iki seneng dolan bareng, nang ngendi ana Dhimas mesthi ning kono ana Tejo. Wektu kuwi Dhimas lan Tejo nembe rampung bal-balan karo kanca-kanca liyane. Bocah loro iku arep bali menyang omahe dhewe-dhewe, nanging ana ing dalan si Tejo mandeg. Dhimas bingung terus takon marang kancane kuwi.
“Ana apa Jo, kok mandeg?”
“Heh, Mas, kowe weruh pelem sing ana ning kebone mbah Surip kae ora?” Tejo ngacungi wit pelem sing dikarepke. Dhimas banjur manggut-manggut ngerti.
“Lha, ana apa ta Jo?” pitakone Dhimas saya bingung
“Woalah Mas, awak dhewe ki lha yo nembe ngelih ta?” Tejo malah takon balik. “Dina iki rasane panas tenan, nah awak dhewe mangan pelem kae mesthi seger”.
“Iya mesthi seger tenan ya Jo, ” Dhimas wus mbayangke nalika mangan pelem, mesthi rasane enak, batine “Eh, nanging aku wedi karo mbah Surip nah arep nyuwun peleme ki piye?”
Tejo mesem sajak ana polah sing dipikirne. “Halah, nyuwun pelem siji loro iki lak mbah Surip ora bakal ngerti.” panemune Tejo
“Kuwi jenenge nyolong Jo!” Dhimas ngelingke
“Uwis kowe manuta aku wae Mas, mumpung lagi sepi iki,” Tejo wus mlaku nggidik marani wit pelem sing sajak ngawe-awe ket mau kuwi.
Dhimas ngetutake kancane karo rasa ati kang wedi. Wedi nalika ana sing ngonangi apa maneh nalika sing ngonangi kuwi sing duwe wit pelem iki. Wah rasane ati wus deg-degan ra karuan.
“Mas, kowe sing jaga ya, ngomong nah ana wong lewat,” parentahe Tejo “Aku tak sing menek!” banjur si Tejo wus menek wae wit pelem kang uwohe okeh kuwi. Polah tingkahe kaya kethek nemu pisang.
Dhimas sing jaga ning ngisor clingak-clinguk menawa ana uwong liwat utawa mbah Surip sing kadang niliki kebon peleme. Mripate jelalatan ngiteri kebon lan dalan, wedi nalika ana wong kang ngonangi wong loro iku nembe nyolong pelem.
“Mas, peleme tak tibakake, jipukana ya!” prentahe Tejo seka ndhuwur. Jan wus persis kethek tenan si Tejo iki, sajak lincah tenan methiki pelem ana ing dhuwur kana. Siji, loro, telu nganti limang pelem wus tiba kasile Tejo le ngopekki.
“Jo, Tejo uwis wae le ngopekki peleme, wus oleh okeh iki!” Dhimas mbengok seka ngisor ngelingke kancane.
“Yoh-yoh, aku medhun sakiki,” Tejo wus krekelan arep medhun.
Dhimas sing nembe ngumpulke pelem sing da tiba teng tlecer mau, wus ora ngawasi nalika ana wong liwat maneh. Dheweke ora plega nalika mbah Surip kaya adate niliki kebon peleme. Mbah Surip kaget weruh bocah loro mau ngopeki peleme sanajan ora nembung ndisek.
“Hayo padha ngapa iki!” mbah Surip mbengok.
Dhimas lan Tejo kaget sakeplengan, jebul uwong sing ngonangi bocah loro lagi nyolong pelem ki mbah Suripe dhewe, sing nduweni wit pelem kuwi. Dhimas sing nembe njipukki pelem banjur nibakake peleme mau, ananging Tejo sing wus krekelan arep medhun seka uwit malah bali menek maneh, wedi weruh raine mbah Surip sing terkenal galak ning desane.
“Jo, ana mbah Surip, medhuna,” Dhimas ngawe-awe kancane. Nanging sajak keweden Tejo gemang medhun lan luwih milih tetep ning uwit.
“Woalah tingkahe bocah jaman sakiki jebul kaya ngene ?” tuture mbah Surip gedheg. Mbah Surip banjur marani Dhimas lan Tejo karo nggeleng-nggelengke sirah. Dhimas nyekuthuk meneng wae, ngrasa pancen salah “Hayo Tejo lek mudhunna, ngapa kowe isih nangkring ning nduwur kana!”
Tejo sing ngrasa ditimbali saya wedi. Sajak dheweke sing ngajak Dhimas nyolong peleme mbah Surip lan dheweke ugi sing menek “Kula teng nduwur mawon mbah!”
“Woalah bocah ra isa dikandhani, mudhunna!” mbah Surip mbengok
“Mangkeh kula diseneni,” walese Tejo
“Ora, mrene medhunna!”
“Jenengan janji nggih mbah, boten ndukani kula?”
“Mula lek medhun mrene!”
Tejo mudhun seka wit pelem sanajan atine isih wedi nalika mengko diseneni karo mbah Surip. Dhewekke ngadeg ana ing sajejere Dhimas. Mbah Surip ndelengi bocah loro mau.
“Le, bocah loro ki ngapa ora nembung karo aku nah arep nyuwun pelem?” pitakone mbah Surip. “Ngapa malah luwih seneng padha nyolong?”
“Nyuwun ngapurane mbah, kula kalih Tejo mboten wani badhe nyuwun idin kaliyan mbah Surip,” walese Dhimas.
“Woalah ngger, apa kowe ora wedi marang Gusti Allah?” piwalese mbah Surip ndukani “Sesuk maneh nah arep nyuwun pelem ki nembung, aja nyolong kaya ngene. Kuwi ki polah tingkah kang ala, Gusti Allah ora sarujuk marang lakonmu kuwi. Apa meneh nah kowe ki nembung karo aku, mesthine ya bakal tak olehke, sajak kowe arep nyuwun pelem pira wae.”
“Inggih mbah,” Tejo mangsuli
“Sesuk maneh apa arep dibaleni lakonmu sing kaya ngene?”
“Boten mbah,” saure Dhimas lan Tejo bebarengan
“Ya, aku ki ora nesu ngger  nah kowe padha nyuwun idin ndisek karo aku, ya wis, pelem sing tok opek kuwi gawanen bali, nanging sesuk aja diulangi meneh ya. Ajining awak ki seka tumindak, dadi nalika tumindak mu ki ala ya awakmu ki melu ala ngger.” piwelinge mbah Surip.
Dina kuwi Dhimas lan Tejo oleh pengalaman kang ora bakal dilalekna ngati tumeking dewasa ngesuk. Pitutur luhur saka mbah Surip sing nduweni kebon pelem yakuwi ajining awak seka tumindak, nalika kowe nduwe tumindak becik awakmu ya melu becik , nanging nalika tumindak mu ki ala awakmu ya melu ala.
Tamat


Dening: Tika Parameswari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar