Halaman

Rabu, 25 Desember 2013

Feature Papan Wisata

CANDI IJO WISATA JOGJA ING GUNUNG



    Salah satunggaling objek wisata ing Yogyakarta sing boten kalah dening papan wisata sanesipun inggih menika Objek Wisata Candi Ijo. Candi Ijo menika mapan ing Gumuk Ijo wilayah Sambirejo, Prambanan, Sleman. Candi Ijo menika kalebet candi kangge pamujaan Dewa Siwa. Candi menika dipunsebut candi ingkang langkung dhuwur tinimbang candi-candi sanesipun, amargi gumuk ijo menika ketingal langkung dhuwur ing wilayah Prambanan. Pemandangan alam sakitaring candi ugi nemsemaken, boten kalah dening papan wisata ing wonosari.
    Candi Ijo nggadahi pitulas gugus bangunan, bangunan wau kaperang dados enem kelompok ingkang dipunbedakaken saking letak terasipun. Bangunan inti saking candi wonten ing teras paling nduwur, inggih menika teras nomer 11, setunggal candi induk saha tiga candi perwira ing ngajengipun candi induk saha candi perwira menika ngadep ing sisih wetan. Ing lebetipun candi perwira ingkang cacahipun tiga kala wau wonten  lingga saha yoni. Candi perwira menika dipunginakaken kangge nyembah Dewa Trimurti inggih menika Siwa, Wisnu, saha Brahma kaliyan masyarakat jaman rumiyen. 
    Ing Candi Ijo ugi wonten tiga arca inggih menika arca Ganesa, arca Siwa, saha arca ingkang satunggal malih boten wonten mustakanipun. Salajengipun ugi dipuntemokaken artefak ingkang dipunginakaken padintenan ing jaman rumiyen, kadosta cermin utawi darpana, gerabah saha kramik Cina.
Ing sakitaring Candi Ijo ugi dipuntemokaken situs-situs saking wekdal Hindu-Budha saking abad 9 ngantos 10 Masehi. Paninggalan-paninggalan menika arupa bangunan candi ingkang sampun kathah risak. Paninggalan-paninggalan candi menika kadosta Situs Sumur Bandung corak Hinduisme, ing salebeting candi menika dipuntemokaken kalih arca ingkang naming satunggal ing Indonesia inggih menika pawujudan Dewa Wisnu, inggih menika arca Narasimha saha arca Wisnutriwikrama. Arca Narasimha inggih menika pawujudan saking Dewa Wisnu ingkang nggambaraken manungsa mustakanipun awujud Singa.
    Situs nomer kalih inggih menika Situs Candi Tinjon, situs menika arupa samparan-samparan candi, naming boten dipunmangertosi corak kapitadosan candi menika. Situs nomer tiga inggih menika situs Arca Gupolo, miturut ahli Arkeolog situs menika dados situs kangge damel arca. Ing Situs Arca Gupolo wonten arca-arca ingkang corakipun Hindu saha Budha. Arca-arca menika nggadahi wujud ingkang ageng-ageng.
    Saking paninggalan-paninggalan menika Candi Ijo langkung wigati kangge papan wisata ing Yogyakarta. Candi Ijo saged ugi kangge papan wisata pendidikan, ugi saged dados papan wisata ingkang nemsemaken. Saking pemandangan ijo royo-royo wit-witan saha candi ingkang kathah nyimpen sejarah kabudayan.
 
Foto: Dokumentasi pribadi

PROFIL USAHAWAN

Usaha Juice Sehat, Seger, tur Halal


    Usaha utawi wirausaha sampun kathah dipunminati dening masyarakat umum ing jaman menika, langkung-langkung ing jaman kang saya majeng utawi kathah piyantun ingkang nyebut jaman globalisasi. Kathah piyantun nyobi damel usaha kangge pagesang yiyang menika saha saking wirausaha saged damel lapangan pekerjaan kangge masyarakat. Salah satunggaling usaha ingkang badhe panulis andharaken inggih menika usaha sadean jus. Jus saking buah ing jaman menika sampun dados kabetahan kangge kasarasan badan, ugi saged kangge obat menawi sakit kadosta jus jambu kangge penyakit demam berdarah, jus buah ugi nggadahi kathah vitamin ingkang dipunbetahaken badan.
    Salah satunggaling piyantun ingkang gadah usaha jus buah inggih menika sederek Prita Nur Indah Sari. Mbak Prita menika salah satunggal piyantun putri ingkang gadah jiwa wirausaha. Kejawi menika sederek Prita ugi dados ibu rumah tangga, sanajan taksih enem ananging piyantunipun nggadahi jiw mandiri, boten purun naming ngandalaken garwanipun. Piyantunipun damel usaha jus menika dipunrewangi kulawarga saha garwanipun. Mbak Prita ndirikakaen usaha jus buah ipun saking modal gangsal yuta. Saking modal menika sederek Prita sampun saged tumbas gerobak saha piranti-piranti sanesipun ingkang kangge damel jus. Piranti-piranti menika kadosta blender, jumbo, tremos, buah, cup, es batu, lan sapanunggalanipun.
    Jus buah saking usahanipun Mbak Prita menika wiwitipun saking usaha alit, salajengipun usaha menika ngrembaka dados usaha ingkang saya majeng. Saking satunggal usaha jus buah, usaha menika ngrembaka dados kalih konter jus, saha taksih saged ngrembaka langkung majeng malih. Sumber daya manusia kangge usaha jus buah inggih menika kalih piyantun, ananging taksih saged nambah malih kairing saking saya ngrembakanipun usaha mbak Prita menika.
    Wekdal kangge sadean jus menika saking jam 10 enjang ngantos jam enem sonten. Mbak Prita ngontrol piyambak usahanipun, ananging awis-awis ugi dipunrewangi garwa saha kulawarganipun. Saking distribusi buah, toya saha piranti sanesipun mbak Prita nglampahi piyambak. Usaha jus menika sampun nggadahi cabang ing kalih papan, inggih menika daerah Gedongan minangka pusatipun, saha wonten ing daerah Balangan. Saking usaha menika mbak Prita dados menejer saha distributor langsung saking usaha sadean jus menika.

      Manajemen ingkang dipunlampahi inggih menika saking manajemen keuangan, menejemen produksi saha manajemen limbah. Manajemen keuangan dipunawasi saha dipuncekel mbak Prita saha kulawarga langsung. Arta saking sadean jus menika dipunputer malih kangge tumbas buah saha gendis, ugi kangge nggaji karyawanipun. Laba saking sadean menika saged kangge mbalik modal saha saged damel usaha jus malih.
Manajemen produksi saking sadean jus inggih menika, mbak Prita ngontrol piyambak usahanipun saking kawontenan piranti, distribusi saha pangawasan usaha lan karyawanipun. Manajemen limbah inggih menika limbah saking kulit buah saged dipundamel pupuk kompok organik. Pupuk menika saged dipunginakaken piyambak ugi saged dipunsade.
    Keuntungan saha kerugian saking sadean jus miturut mbak Prita inggih menika, kauntungan ingkang dipunpendhet saking sadean jus inggih menika gampil anggenipun tumbas buah, saha piranti sanesipun, jus sampun dados gaya hidup saengga kathah masyarakat ingkang remen, saged kangge lare alit ngantos piyantun dewasa, saengga pamasaranipun ugi langkung gampil. Kerugian saking sadean jus inggih menika, bahan dasar jus menika buah saengga menawi langkung lami buah menika saged bosok, langkung angel anggenipun tumbas buah ingkang tuwuhipun musiman, kadosta apokat. Menawi musim rendheng sadean jus ipun ugi menurun.
Foto : Dokumen pribadi

Rabu, 18 Desember 2013

Artikel Budaya



Nguri-uri Budaya Mendhem Ari-ari

Jaman sing saya majeng utawi kathah dipunsebut jaman globalisasi menika nuwuhaken raos bungah saha raos prihatin ing manahipun para tiyang sepuh ugi piyantun ingkang nguri-uri budaya. Salah satunggaling budaya ingkang nuwuhaken raos prihatin inggih menika budaya tata cara mendhem ari-ari utawi plasenta. Ari-ari menika medal saking puseripun bayi selang pinten-pinten dinten.
Tata cara mendhem ari-ari wiwt jaman rumiyen ngantos samenika sampun kathah ewah-ewahipun, tuladhanipun saking ubarampe saha tata caranipun. Piyantun jaman menika sampun awis-awis ingkang nglampahi tata cara mendhem ari-ari kanthi bener tur pener. Kathah ubarampe dipunicalaken utawi dipungantos, amargi ubarampe menika wonten ingkang nggadahi regi langkung awis, saha piyantun jaman menika langkung sreg nalika ubarampenipun inggih saya praktis.
 Tata cara mendhem ari-ari inggih menika, menawi ari-ari utawi plasenta sampun ucul saking usus saha awakipun bayi, lajeng dipunkumbah ngantos resik, dipunlajengaken mbuntel ari-ari wau ngangge mori utawi gombal werninipun pethak saha dipunlebetaken wonten kendhil saking siti ingkang nggadahi tutup. Sasampunipun ari-ari dipunlebetaken wonten kendhil, lajeng ugi dipunlebetaken piranti sanesipun, kayata kembang setaman, kembang boreh, minyak wangi, kunyit, uyah, dom, benang, miri, gereh pethek, sirih kang digulung ngangge benang, duit receh, piranti nyerat kayata pensil, bolpoin, buku, kertas kang wonten aksara Jawa, utawi aksara abjad. Menika wau ubarampe nalika badhe mendhem ari-ari.
Salajengipun, kendhil kala wau dipunlemeki piring gelas werninipun pethak, sasampunipun menika kendhil dipunwungkus ngangge mori saha dipunjiret lajeng dipunpendhem ing pojokan omah kirang luwih 40 cm jeronipun. Perangan menika nggadahi teges, supados segawon utawi kucing boten saged mbrengkal kendhil wau. Ananging wonten ugi ari-ari ingkang dipuncantelaken ing ngajeng lawang utawi sanesipun.
Upacara mendhem ari-ari wau, saking setunggal dinten ngantos kawandasa  dinten dipunsotyo lampu, wonten ugi ingkang dipunpageri ngangge pring. Perangan wau supados  segawon utawi kucing boten saged nyerak. Saben weton utawi dinten pasaranipun bayi, papan kangge mendhem ari-ari wau dipunsebar kembang setaman, mliginipun kembang mlati, mawar, ugi kenanga.
Mekaten kala wau  tata cara mendhem ari-ari utawi plasenta. Upacara wau dipunlampahi supados nggadahi ancas kangge kaslametan jabang bayi, inggih menika saking kasarasan, ugi karaharjan kangge jabang bayi. Kaping kalihipun, upacara mendhem ari-ari menika kangge ngraosaken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Paring Urip. Pramila mangga kita minangka generasi enem saged nguri-uri kabudayan Jawi, boten namung budaya mendhem ari-ari kemawon ananging ugi budaya sanesipun.

Foto:Variesta

Senin, 16 Desember 2013

Wacana Prosedural



Gudeg

Gudeg minangka panganan tradisional tiyang Jawa khususipun ing daerah Yogyakarta. Dipundamel saking gori utawa nangka enom kang kathah tuwuh ing daerah Yogyakarta.

Bahan-bahan:

·         ½ buah nangka enom/ gori
·         ½ ekor pitik enom
·         5 butir tigan

Bumbu-bumbu:

·         4 butir kemiri
·         2 buah bawang merah
·         2 siung bawang putih
·         2 jari lengkuas
·         1 sendok ketumbar
·         5 lembar daun salam
·         Gendis Jawa, uyah, lan penyedap

Cara ndamel:

1.      Gori diiris cilik-cilik, dikumbah lan dientas. Pitik dikumbah lan diiris cilik-cilik. 
2.     Kabeh bumbu dialuske kajaba ron salam lan gendis Jawa, jupuk kuwali lajeng dilemekki karo ron jati sing isih enom, lebokke irisan gori, banjur lebokke pitik diteruske tigan lan bumbu.
3.      Salajenge lebokke santen nganti kebak utawi saperlune. Godhog nganggo geni
cilik, aja asring diudhak, nengke nganti masak lan ora ana banyu santenne. 

 
                                                                                           Foto: Wikipedia.org

OPINI PENDEK



Salah kursi

            Kadadean iki, diwiwiti nalika panulis nembe kelas 2 ing salah sijining SMA  Negeri ana ing Sleman. Wektu kuwi, panulis ora bisa menyang sekolah kaya dina-dina biasane amarga nembe sakit. Awak rasane ngilu kaya wong kang nembe wae digebugi, sirah mumet kliyengan, lan panulis ngrasa pengin muntah ananging ora isa.
 Esuk kuwi, panulis langsung digawa menyang Puskesmas ing daerah Minggir. Puskesmas iku nembe wae rampung dibangun, puskesmas sing ndisekke cilik saiki wus malih gedhe lan langkung apik, fasilitas puskesmas ugi saya pepak. Sinambi nahan muntah lan sirah sing kliyengan, panulis nunggu antrian. Sanajan isih esuk, nanging  wus okeh pasien kang uga ngantri. Werna-werna ugi jinis penyakite.
Wus sawetara wektu, jenenge panulis dijeluk. Panulis mlebu ing ruangan kang kanggo mreksa, ana wong 2 perawat kang nunggu karo mesem. Stetoskop wus cumepak ing meja, lajeng perawat 2 wau nensi lan nakoni apa wae gejala sakite panulis. Pungkasane, panulis dikon mlebu ing salah siji bilik kang mung dipisah nganggo korden gedhe. Panulis mlebu ing bilik sisih lor dhewe, ing njero ana Pak dokter kang nembe ngumbah tangan ing wastafel. Pak Dokter wau weruh panulis saka kaca, banjur mesem grapyak. Panulis mbales mesem, ana ing ruangan kuwi kursi dokter lan pasien padha dadi panulis waton lungguh ana ing sisih wetan. Pak dokter wau nyeraki panulis karo ngguyu. “Mbak, menika kursi kula, kursi pasien ana ing sisih kulon.” Woalah ngger, wektu kuwi panulis isin tenan, jebul sing dilingguhi panulis ki kursi doktere, karo ngguyu isin panulis pindhah ing kursi sisih kulon sinambi matur pangapunten. Pangalaman salah kursi iki ora bakal panulis lalekke, sanajan isin nanging yen kelingan panulis dadi ngguyu dhewe.


GEGURITAN



Tresna marang Bapa Ibu
dening: Tika 

Ibu…
Weling mu nancep ning ulu atiku
Pangandikamu ngluluhke suksma ku
Ngelingke aku,
Marang donya kang mung sedhela
            Bapa…
Tresnamu marang awakku,
pangorbananmu, piwelengmu,
gawe bungah ing manahku
bapa Ibu…
kula putramu,
lan aku tresna marang sliramu